Selasa, Maret 02, 2010

SEJARAH WALI SONGO LAN PERJUANGAN BANGSA INDONESIA




Nerangaken babadipun wali – wali tanah jawa, dipun tambah catetan – catetan tarikh (sejarah) Indonesia kanthi ringkes

Wiwit kita bangsa indonesia dados bangsa ingkang merdeka, rupi – rupinipun kita lajeng sami giat naluri leluhur – leluhur kita, babad – babad dipun sinau, sejarah – sejarah dipun wucalaken ing sekolahan – sekolahan ingkang mawi bahasa Indonesia, daerah, lan sanes – sanesipun, nanging buku – buku sejarah ingkang sampun sumiyar utawi kawucalaken ing madrasah – madrasah puniko sebagian agung mboten nerangaken bab – bab ingkang magepokan kelawan sejarahipun para wali – wali, para sunan – sunan, pemedar agami islam ing Indonesia umumipun lan tanah jawi khususipun, ingmongko sejatosipun wiwit kino milo para raja – raja ing tanah jawi puniko persasat meh sedoyo tansah dipun kanthi ( beto) dening para sunan – sunan utawi para penganjur agami islam, pramilo saking puniko wonte ing risalah alit puniko penulis badhe nyulik sakedik ing bab – bab magepokan kalian sejarahipun para sunan kangge bumbunipun para ustadz mucal sejarah Indonesia dateng talmidz – talmidz (murid) ipun, mboten sanes mugi – mugi wonten gino faedahipun

Amin.

Dening KH. Bisri Musthofa

Rembang

RATU ING CEMPA

Naliko Kurang Luwih Tahun 1300 Masehi, kang jumeneng ratu (raja) ing cempa iku jejuluk raja Kuntara, raja kafir binatoro kagungan putra 3 :

1. Darawati Murdaningrum

2. Dewi Candrawulan

3. Raden Cingkara

Kocapo, salah sawijinie mubaligh islam sangking tanah arab asma Sayyid Ibrahim Asmarqondi kang ing tembe masyhur kaaran Ibrahim Asmara, rawuh ing Cempa, perlu tabligh ajak – ajak sang ratu supoyo kerso ngrungkebi agami islam, kersaning Pangeran, sang ratu kerso mlebu agami islam nganti kerso adeg masjid, lan ndawuhaken Maulana Ibrahim medaraken agami islam ing cempa. Akhir - akhire Maulana Ibrahim kadahupaken angsal putrane kang panggulu kang asma Dewi Candrawulan, dene putrane kang pembajeng asma Darawati Murdaningrum kadahupaken angsal Prabu Kartawijaya ing Majapahit.

Dadi Maulana Ibrahim Asmara iku karo Prabu Kertawijaya kapernah pripehan, Maulana Ibrahim (saking garwa Cempa) kagungan putro 3 :

1. Raja Pendita

2. Raden Rahmat

3. Siti Zaenab

Prabu Kartawijaya iku putrane akeh banget, nanging kang kacerita saking garwa padmi Raden Arya Damar adipati ing Palembang.

saking garwa Cempa :

1. Putri Hadi garwa Adipati Dayadiningrat adipati ing Pengging

2. Lembu Peteng ing Madura, lan

3. Raden Gogor

ingakng saking ibu Ponorogo :

1. Bathara Katong ing Ponorogo

2. Adipati Loano

ingkang ibu Bagelen asma Jaran Panoleh jumeneng ing Sampang Madura

ingkang saking ibu putri Cempa maneh asma Raden Hasan kang ing tembe akhir kaaran Raden Fatah iyo Raden Fatah iki kang tembe ngadegaken kerajaan islam kang kawitan ing Bintoro Demak.

Murih sampurnane cerita coba dak terangaken nasab – nasabe Raden Patah (Hasan) Bin Kertawijaya Bin Raden Suruh (Ratu Majalengka) Bin Mundiwangi (Ratu Pajajaran) Bin Mundisari (Pajajaran) Bin Raden Laliyan (Pajajaran) Bin Rawisrenggo (Jenggala) Bin Resi Gentayu Bin Gandhihawan Bin Srimapunggung Bin Silajalu Bin Pancadriya Bin Citrasoma Bin Sumawicitra Bin Gendrayana Bin Jaya Amijaya Bin Darma Bin Hudayana Bin Parikesit Bin Angkawijaya Bin Arjuna Bin Pandu (Astina) Bin Abiyasa Bin Pulasara Bin Raden Sahri Bin Raden Sekutrem Bin Raden Sutapa Bin Raden Manawasa Bin Marigena Bin Hyang Trustili Bin Srikati Bin Wisnu Bin Sang Hyang Guru Bin Sang Hyang Tunggal Bin Sang Hyang Wening Bin Sang Hyang Wenang Bin Sang Hyang Nurrasa Bin Raden Nur Cahya Bin Nabi Adam ‘Alaihissalam.

MAULANA IBRAHIM ASMARA

Maulana Ibrahim Asmara iku kagungan sedulur 2 (loro) kang asma :

1. Maulana Ishaq

2. Sunan Asfadi (garwane ‘Abdul Majid raja ing Ruum)

Maulana Ibrahim Asmara iku putra Maulana Muhammad Jumadil Kubro Bin Sayyid Zainul Husain Bin Sayyid Zainul Kubro Bin Sayyid Zainul ‘Alim Bin Sayyid Zainul ‘Abidin Bin Sayyid Husain Bin Siti Fatimah Binti Rosulullah SAW Bin ‘Abdullloh Bin ‘Abdil Muttholib Bin Al Hasyim Bin ‘Abdi Manaf Bin Qushoy Bin Kilab Bin Murroh Bin Ka’ab Bin Luayyi Bin Gholib Bin Fihr Bin Malik Bin Annadhor Bin Kinanah Bin Khuzaimah Bin Mudrikah Bin Ilyas Bin Mudhor Bin Nizar Bin Ma’ad Bin ‘Adnan sakteruse nganti tekan nabi Isma’il bin nabi Ibrahim alaihimassalam sak teruse nganti tekan nabi Nuh as. Sakteruse nganti tekan nabi Idris as. Sakteruse nganti tekan nabi Anwas bin nabi Syits bin nabi Adam ‘alaihimussalam.

RADEN RAHMAT

BIN MAULANA IBRAHIM ASMARA

Raden Rahmat (sunan ampel) bin Maulana Asmara kromo Dewi Candrawati putrane Aryateja Tuban oleh putra lima :

1. Siti Syari’at

2. siti Muthmainnah

3. siti Hafshoh

4. Raden Ibrahim

5. Raden Qosim

Raden Rahmat ugo kromo Dewi Karimah putrane Ki Bang Kuning oleh putra loro :

1. Dewi Murtasih

2. Dewi Murtasimah.

MAULANA ISHAQ

BIN JUMADIL KUBRO

Maulana Ishaq kagungan putra telu :

1. Sayyid ‘Abdulqodir (kang tembe jejuluk Sunan Gunung Jati Cirebon)

2. Dewi Saroh

3. Raden Paku (kang ing tembe kaaran Sunan Giri)

dadi Sunan Gunung Jati lan Sunan Giri iku misanan karo Raden Rahmat Sunan Ampel Surabaya.

HAJI ‘USMAN

(Sunan Manyuran Mandalika)

Haji Usman bin raja Penditho bin Maulana Ibrahim Asmara kromo Siti Syari’at binti Sunan Ampel, oleh putra asma Amir Hasan.

‘USMAN HAJI

(Sunan Ngudung)

Usman Haji bin Raja Penditho Maulana Ibrahim Asmara kromo Dewi Sari putrane Tumenggung Wilatikta, oleh putra asama

1. Dewi Sujinah

2. Amir Haji

NYAI GEDHE TUNDHO

LAN KHOLIFAH HUSAIN

(Sunan Kertayasa Madura)

Nyai Gedhe Tundho binti Raja Penditho digarwo Kholifah Husain (tiyang saking Yaman), muridipun kanjeng Sunan Ampel, kagungan putra Kholifah Sughro.

SITI MUTHMAINNAH LAN SAYYID MUHSIN

(Sunan Wilis Cirebon)

Siti Muthmainnah binti Sunan Ampel digarwo Sayyid Muhsin tiyang sakin Yaman muridipun kanjeng Sunan Ampel kagungan putra Amir Hamzah.

SITI HAFSHOH LAN SAYYID AHMAD

(Sunan Malaka)

Siti Hafshoh binti Sunan Ampel digarwo Sayyid Ahmad tiyang saking Yaman muridipun kanjeng Sunan Ampel, boten kagungan putra.

RADEN QOSIM

(Sunan Drajat Sedayu)

Radenb Qosim bin Sunan Ampel, kromo Dewi Shofiyah putrane kanjeng Sunan Cirebon kagungan putra telu :

1. Pangeran Trenggono

2. Pengeran Sandi

3. Dewi Wuryan

MAULANA IBRAHIM

(Sunan Bonang Tuban)

Raden Ibrahim bin Sunan Ampel kromo Dewi Hirroh putrane Raden Jakandar, kagungan putra Dewi Ruhil.

RADEN PAKU

(Sunan Giri Gresik)

(Setengahe riwayat asmane Sayyid ‘Ainul Yaqin)

Raden Paku putrane Maulana Ishaq ibu Dewi Sekardadu putrane Ratu Blambangan, kromo Mas Murtasih binti Sunan Ampel, kagungan putro papat :

1. Raden Prabu

2. Raden Misani

3. Raden Guwa

4. Dewi Retnawati

RADEN FATAH

(Sunan Bintoro Demak)

Raden Fatah Bin Kertawijaya Majapahit kromo Mas Murtasih binti Sunan Ampel peputra lima :

1. Pangeran Purbo

2. Pangeran Trenggono

3. Raden Bagus Sidokali

4. Raden Kenduruhan

5. Dewi Ratih

RADEN ‘ABDUL QODIR

(Sunan Gunung Jati Cirebon)

Raden Abdul Qodir bin Maulana Ishaq kelahiran arab, tunggal romo seje ibu kalian Raden Paku, kromo Dewi Hisah putrane Raden Jakandar, (dadi pripehan karo Sunan Bonang) kagungan putra loro :

1. Raden Abdul Jalil

2. Dewi Sufiyyah

RADEN JAKANDAR

(Sunan Malaka Madura)

Raden Jakandar (morotuwane Sunan Bonang la iyo morotuwane Sunan Gunung Jati) kromo Dewi Nawangsasi putrane Tarub, putrane loro :

1. Dewi Hisah (garwane Raden Abdul Qodir Sunan Gunung Jati)

2. Dewi Hiroh (garwane Raden Ibrahim Sunan Bonang)

RADEN SYAHID

(sunan Kalijaga)

Raden Syahid Bin Raden Sahur Tumenggung Wilatikta kromo Dewi Saroh Binti Maulana Ishaq peputra telu :

1. Raden Sa’id

2. Dewi Ruqoiyyah

3. Dewi Shofiyyah

RADEN SA’ID

(sunan Muria)

Raden Sa’id Bin Raden Syahid kromo Dewi Sujinah Putrane Usman Haji, peputra asma Pangeran Santri.

PENGERAN SANTRI

(Sunan Ngadilangu)

Pengeran Santri Bin Raden Sa’id dedukuh ing ngadilangu jejuluk Pengeran Behi.

RADEN AMIR HAJI

(Sunan Kudus)

Raden Amir Haji Bin Usman Haji, kromo Dewi Ruhil Putrane Kanjeng Sunan Bonang, peputra asma Raden Amir Hasan.

.

SITI JENAR

(Jepara)

Raden Abdul Jalil Putrane Sunan Gunung Jati (Abdul Jalil) ora kerso kromo.

RADEN SAHUR TUMENGUNG WILATIKTA

(Bupati Tuban)

Raden Sahur Tumenggung Wilatikta kromo Dewi Nawangarum Binti Tarub, peputra loro :

1. Dewi Sari

2. Raden Syahid

ARYA BANJARAN

Raden Mundiwangi (eyange Raden Fatah ingkang kaping telu) iku kagungan sedulur kakung asma Arya Banjaran Patihe Ratu Mundiwangi ing Pajajaran, Arya Banjaran kagungan putra asma Arya Metahun, Arya Metahun peputra Raden Arya Randu Kuning, Arya Randu Kuning peputra telu :

1. Arya Galuh

2. Arya Tanduran, lan

3. Arya Bangah

Arya Galuh peputra loro :

1. Arya Penanggungan

2. Ranggalawe

Ranggalawe peputra Aryalawe, Aryalawe peputra Siralawe, peputra Sirawenang, peputra Siralina.

ARYA PENANGGUNGAN BIN ARYA GALUH

Arya Penanggungan peputra telu :

1. Arya Barabin (morotuwane Raja Penditho besane Maulana Ibrahim Asmara)

2. Arya Teja morotuwane Raden Rahmat

3. Ki Ageng Tarub (morotuwane Raden Sahur iyo eyange Sunan Kalijaga)

ARYA BARIBIN BIN ARYA PENANGGUNGAN

Arya Baribin kagungan putra loro :

1. Raden Ayu Maduretna (garwane Raja Penditho)

2. Raden Jakandar (morotuwane Sunan Gunung Jati)

ARYA TEJA BIN ARYA PENANGGUNGAN

Arya Teja peputra loro :

1. Dewi Candrawati (Garwane Sunan Ampel)

2. Raden Sahur (Ramane Raden Syahid)

KI AGENG TARUB BIN ARYA PENANGGUNGAN

Ki Ageng Tarub kagungan putra telu :

1. Dewi Nawang Sinah

2. Nawangsasi ( Darwane Raden Jakandar)

3. Dewi Nawangarum (Garwane Raden Sahur, iyo ibune Sunan Kalijaga)

DEWI SEKARDADU

Dewi Sekardadu ibune Sunan Giri iku putrane Minak Sembuyu Ratu Blambangan Bin Minak Pragolo Bin Bambang Pemanggeng Bin Bambang Wajana Bin Raden Siung Wanara, putrane Ratu Mundiwangi,

Kacerita :

Ratu Pajajaran Mundiwangi iku saking garwo padmi kagungan putra telu :

1. Raden Ayu Himu

2. Raden Ayu Retna Kusuma

3. Raden Suruh (Eyange Raden Fatah)

nuli saking garwo ampiyan kagungan putra siji asma Siung Wanara, Bambang Pemanggeng ora kerso diereh Majapahit, nuli dedukuh ing Semeru, nganti kagungan putra lan wayah, akhire wayahe adek kraton ing Blambangan.

Kacerita :

Naliko Raden Rahmat wis bukak pesantren ing Ampel Dentho, panjenengane Maulana Ishaq saking Pasai dulure Maulana Ibrahim Asmara medun ing Tanah Jawa sumadyo tabligh agama islam ngiras ngirus tilik putra ponakan ing Ampel Surabaya, Maulana Ishaq nitih perahu juragan kursi (naliko iku wus kagungan putra loro Sayyid Abdul Qodir lan Siti Saroh, ugo naliko iku di kanthi/gowo) saking Gresik terus ngancer Ampel Dentho, rawuh ing Ampel, Raden Rahmat nuju sholat asar, naliko iku kang melu sholat mung ana santri telu aran Wirajaya, Abu Hurairah, Ki Bang Kuning, sakwuse Maulana Ishaq wus biso ketemu karo Raden Rahmat, bagen binagen sak cukupe, Maulana Ishaq kendel istirahat ing Ampel, ora antara wulan Maulana Ishaq pamit arep nerusake tindak ngetan ngidul hiyo perlu naming are tabligh medar – medarake agami, reh ning Maulana Ishaq rumangsa kangelan, sebab mangsa iku panji agamane wong jawa umume agama budha lan hindu, Maulana Ishaq banjur tapa, tirakat ana ing Gunung Selangu Banyuwangi

Kocapo : ratu ing Blambangan Minak Sembuyu kagungan putra estri asma Dewi Sekardadu kang lagi gerah sanget, ditambani apa – apa ora mangsah, nuli Kang Nata (raja) ngetoaken sayembara, sopo – sopo sing bisa marasaken gerahe putrane arep di pundut dadi jodone lan bakal diparingi kerajaan separo, naliko Maulana Ishaq midanget sayembara ing pengalih syukur banget, sebab rumongso yen pitulunge Pangeran wus parek, rumongso opo kang dadi cita – citane nyiaraken agama islam bakal engal kelaksanan,

Enggaling ceritho, Maulana Ishaq nuli ngetoni sayembara lan hasil bisa nambani Putri Sekardadu nganti waluyo, akhire Maulana Ishaq didahupake karo Sang Putri lan iyo temen diparingi negara separo, apa – apa kang dadi cita – citane Maulana Ishaq ketutukan, rakyat kang ana ing bawahe (daerahe) pada mlebu agama islam, semono ugo Maulana Ishaq durung puas, amergo sang nata dewe during islam, nuli Maulana Ishaq merluaken manggihi Sang Nata perlu nyuguhaken agama islam, anaging Sang Nata ora kerso, malah bendu ngunus pedang, Maulana Ishaq arep dipateni, nuli Maulana Ishaq lolos saking Blambangan, naliko iku karo Putri Sekardadu lagi ngandut pitung wulan, kaya ngapa tangise putri lan poyang payinge ora perlu dak ceritaake.

ora antoro suwe saing lolos Maulana Ishaq, Allah ta’ala nurunanken bala’ ana ing Blambangan rupo pagering akeh banget wong loro sore isuk mati, lor isuk sore mati.

Gandeng ana pagering kang ora keno ditolak iku Sang Nata menggalih, yen kang gawe goro – goro iku jabang bayi kang isih ana ing kandutane Putri Sekardadu, Sang Nata ndawuhaken, besok yen jabang bayi lahir, supados dibuang ing samudra, temenan barang jabag bayi lahir mulai diwadahi peti lan nuli di buang ing segara, peti kang isi jabang bayi di klembak nganti nggisik Gresik, peti ditemu mbok rondho, aran Nyai Penatih, barang peti dibuka dumadakan ana isine bayi kang isih seger tur resik mbok rondho bungah banget jabang bayi dirumat la direnggo – rengo, jabang bayi diasmani Raden Paku, iyo Raden Paku Iki kang ing tembe jejuluk Sunan Giri Gresik.

Miturut setengah riwayat :

Naliko Maulana Ishaq rawuh ing tanah jawa iku ijen ora diderekake putrane, mbalik naliko Maulana Ishaq lolos saking Blambangan iku terus kondur menyang negarane Pasai, nuli ndawuhui putrane loro :

1. Sayid Abdul Qodir Lan

2. Dewi Saroh

Supaya nusul misanane ing tanah jawa atau Raden Rahmat, akhire Maulana Ishaq sedo ing Pasai.

Para wali ingkang rawuh naliko sedane kanjeng Sunan Ampel Surabaya :

No

Nama

Jejuluk

Daerah

1

R. Ibrahim

S. Bonang

Tuban

2

R. Paku

S. Giri

Gresik

3

R. Syahid

S. Kalijaga

Dermayu

4

R. Abdul Qodir

S. Gunung Jati

Cirebon

5

R. Sa’id

S. Muria

Kudus

6

R. Amir Haji

S. Kudus

Kudus

7

R. Sayyid Muhsin

S. Wilis

Cirebon

8

R. Haji Usman

S. Manyuran

Mandalika

9

R. Fatah

S. Bintoro

Demak

10

R. Usan Haji

S. Ngudung

Jipang Panulan

11

R. Jakandar

Bangkalan

Madura

12

Kholifah Husain

Kertoyoso

Madura

13

Sayyid Ahmad

Malaka


14

Pangeran Santri

Ngadilangu

Demak

15

R. Abdul Jalil

Sy. Siti Jener

Jepara

16

R. Qosim

S. Drajat

Sedayu

Kacarito sedane Sunan Ampel (sunan kapisan ing tanah jawa) para wali – wali kang kasebut mau musyawarah (ngrembug) sopo sing ditetepaken dadi kholifah naliko iku di putusaken Raden Fatah nuli enggal – enggal Raden Fatah mbukak pesantren ing Bintoro Demak, santrine ewon,

Setengah riwayat, Sunan Ampel (Maulana Rohmat) iku Bin Ibrahim Bin Jamaluddin Husain Sunan Giri Maulana ‘Ainul Yakin Atau Raden Paku, iku Bin Ishaq Bin Ibrahim Bin Jamaluddin Husain Sunan Kudus (Syayid Ja’far Shodiq) Bin Haji Usman Jamlauddin Husain Sunan Cirebon, Syrif Hidayatulloh iku Assultan ‘Imaddudin Bin Abdulloh Bin Najmuddin Barokah Bin Jamalauddin Husain, Nuli Sayyid Jamaluddin Husain Ahmad Syah Bin Abdulloh Khon Bin Amir Abdul Malik Bin ‘Alwi Bin ’Ali Bin Muhammad Bin ‘Alwi Bin Muhammad Bin ‘Alwi Bin Abdillah Bin Ahmad Al Muhajir Al Faqih Al Muqoddim Bin ‘Isa Al Bashori Bin Muhammad Arrummi Bin ‘Ali Al ‘Aridhi Bin Ja’far Asshodiq Bin Muhammad Al Baqir Bin ‘Ali Zainul ‘Abidin Bin Al Imam Husain Bin ‘Ali Wa Ibni Fatimah Azzahro’ Binti Rosuliilah SAW.

MLEBUNE AGAMA ISLAM ING INDONESIA

Sak kondure Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ilarrofiqil a’la, naliko tanggal 8 Juni 633, para shohabat lan tabi’in tansah nerusaken perjuangane Kanjeng Nabi Muhammad SAW, tabligh syiar – syiaraken agami islam nganti agami islam biso semiyar ing sak andinge ndunyo, lan ugo tahu ngalami tahun keaemasan yo iku zaman negoro lan ummat islam kajen karingan, para mubaligh – mubaligh lan penganjur islam akeh banget ingkang para nglelono perlu arep nyiaraken agama islam ing daerah Indonesia ugo ora ketinggalan oleh bagian para mubaligh – mubaligh kang ulung iyo iku para wali – wali koyotho Maulana Ibrahim Asmara, Raden Rahmat Sunan Ampel, Maulana Ishaq, Assyarif Hidayatulloh, lan liyane maneh, kabeh para wali – wali lan ‘ulama kang teko ing Indonesia, iku tujuane namung tabligh (nyiarakren agama islam) dene umpama ana kang dagang iku mung kanggo sitir.

Kaya kang kang kacerita ing ngisor.

Para wali – wali carane tabligh praktis banget, raja – raja di tablighi disik sebab sak mongso kang gede wus keno kang cilik tentu kari manut, para wali – wali lan penganjur islam zaman semono carane tabligh ulet banget nganti di rewangi topo, di ewangi kromo lan liya – liyane usaha kang tumuju marang tenggal hasil opo kang dadi cita – citane, para mubaligh lan penganjur agama ora podo ngganggu marang para ratu – ratu lan adipati, yen kerso yo di aturi manjing agama islam yen ora kerso yowis (orapopo). Mulo para ratu lan adipati iyo banjur pada lumuh lan sungkan,

Kacerita :

Naliko panjenengane Sunan Ampel nyuguhake agami islam marang Prabu Kartawijaya Majapahit, Sang Prabu mangsuli dawuh : sak benere yen ingsun rasak – rasakake agama islam iku bagus banget, nanging wae kepekso ingsun ora biso ninggalake agama kang wus ingsun peluk wiwit timur mulo lan kang wus di rungkebi dening eyang – eyang ingsun. Para maos ingkang kerso ngraosaken nasab – nasabe para wali lan penganjur – penganjur kang wus diterangaken ing ngisor tentu iyo banjur biso mbayangaken kepriye kegiatane lan aluse taktike para penganjur mau, persasat meh kabeh raja – raja odho kagungan mantu penganjur agama islam, mulo dadi ora aneh yemn agama islam ing Indonesia umume lan ing tanah khususe enggal biso semiyar luas,

Coba :

Sunan Ampel wayah raja ing Cempa

Sunan Giri wayah raja ing Blambangan

Raden Fatah (Sunan Bintoro) putra Brawijaya

Sunan Kalijaga Putra Adipati Wilatikta

Sunan Muria Wayah Adipati Wilatikta

Sunan Ngudung Putra Mantu Adipati Wilatikta

Cekap cukupe para wali lan penganjur lenggahe lan pengaruhe genah banget.

RADEN FATAH

Sunan bintoro

Koyo kang wus kacaritho ing ngisor Raden Fatah iku putrane Majapahit saking ibu Cempa, pernahe karo Raden Rohmat misanan,

kacerita : naliko Raden Fatah tasih ana ing kandutan ana kedadean sik, antarane sang ratu lan nyai ratu, ora liwat perkarane iyo mergo putri saking cempa wus ngandut iku, nyai ratu padmi betarepane, kebeneran naliko iku para adipati podho sowan sebo, ing antarane adipati – adipati, adipati aryo dammar saking palembang ugo melu sebo. Sang prabu ngendiko marang adipati arya dammar siro arep iongsun paringi kanugrahan iyo iku putrid saking cempa, arep ingsun paringaken maring siro. ananging wektu saiki panjenengane klagi ngandut, mulo siro ingsung fatah (weling) ojo pisan – pisan siro kumpuli sakdurunge sang putri nglahirake jabang bayi. Adipati arya dammar matur : sendiko, sang putrid kaboyong menyang palembang ora antara suwe jabang bayi lahir, kaparingan asma dening sang ibu hasan, sak wuse jabang bayi lahir nuli sang putrid di garwo maring adipati arya dammar peputra raden husain, kocapo bareng raden hasan wus bleger saking kersaning pangeran, panjenengane mulai kagungan penggalih, sak benere bapak ingsun iku sopo tho???? Mulo nganti timbul penggalih kang koyo mengkene ki, amargo kanjeng adipati arya dammar dewe asring ketrcut yen nguwuh raden fatah iku adimas, penggalih kang mengkono mau ora naming di endem anangin nuli di suwunanke pirso marang kang ibu, soyo tambah ruwete penggalihe, dene naliko panjenengane nyuwun pirso marang kang ibu ora mangsuli dawuh ananging mung banjur kamisesegen. Marambah rambah raden fatah anggone andedes maring kang ibu, ananging kang ibu mekso ora kerso waleh, saklugune kejobo kang ibu ora bisi kawetu ngendiko. Ugo panjenengane kwatir lamun tho di lairaken sopo waline, amargo saking kersane penggallihe putrane, kang koyo mengkono iku andadeake prihatine wong tuwo, nganti ora kerso dahar lan ora sare saking bangete anggone menggalih kahanane kang ibu, kang ibu welas banget mirsanio putrane kang lagi prihatin, mulo putrane iyo banjur didawuhi kanti walih, kang ibu nyritaaken sekabehane lelakune. Wiwit panjenengane diboyong saking negoro cempa nganti akhire ana ing palembang. Kang putra midangetake manthuk – manthuk grindilan luh socane.

Sakwuse sampun rampung anggone midangetaken pangendikane kang ibu raden fatah banjur matur : duh kanjeng ibu. . . !!!

Menawi mekaten dalem nyuwun kanthi sanget dateng palilah sarto izin idi pangestunipun kanjeng ibu,

Kepareng dalem ngulati kanjeng room wonten pundi kemawon, kulo mboten badhe kondur/wangsul, sakderengipun dalem saget pinanggih kalian kanjeng romo, kang ibu mangsuli dawuh mengkene pangendikane :

Angger….!!

Cuwilane penggalih ingsun, iyo senajan abot rasane penggalih ingsun dikoyo opo amargo saking kederenging penggalih siro, ingsun kapekso paring palilah marinag siro, nanging siro ingsun wangsiti pumo dipumo supoyo siro anjujug marang ampeldentho dingen, dadiyo santri sawetoro tahun, nyuwitho marang sedulur siro dewe wasitho raden rohmat supoyo siro biso entuk piwulang ngilmu kang utama, kanjeng ibu kang andedongo saking ndalem, ora liwat mugo – mugoapa kang dadi maksud siro kang becik – becik kinabulaken dening ingkang murbeng dumadi.

kocapo : bareng kang rayi, iyo iku raden husain midanget yen kang raka raden hasan arep tindak lelono, penjenengane iyo banjur nyuwun izin anderek, ringkesing ceritho, karo – karoning satrio di izinanke tindak lelono satrio loro pisan banjur budal, ngener menyang Surabaya ampel dentho.

Inggaling cerita :

Satrio kloron ditompo raden rahmat, diwulang ngaji ilmu ngaqoid lan ilmu syari’at, raden hasan (fatah) ketoro lancar bangeta anggone sinau, ora antara tahun satria kekaron izin badhe sowan sebo menyang majapahit, raden rahmat paring izin, nanging kekaron diwangsit, supaya enggal kondur menyang ampel supaya biso tutuk anggone sinau ngaji, sakwuse sakwetoro wulan ing majapahit, raden hasan emut wangsite gurune, nuli nyuwun izin kondur menyang ampel, ananging rayinipun raden husain ora nderek, mergo sajake krasan ing majapahit, raden fatah nerusaken sinau ngaji ana pesantren ampel ngantu dadi ‘alim ‘alamah, akhire dipundut putra mantu dewe dening kanjeng sunan ampel, sakwuse dadi ‘alim ‘alamah, amergo usulane para wai – wali, raden fatah diangkat dadi adipati ing bintoro demak, arikolo raden rahmat wafat, para wali – wali kang pada ta’ziyah ing ampel pada rembulkan netepake kholifah gantine kanjeng sunan ampel, naliko iku mufakat kang ditetepake raden fatah, kejobo ngastho dadi adipati raden fatah mbuka pesantren ing bintoro, gandeng karo akehe santri kang pada nyuitho nganti ewon – ewon, urusan pesantren dadi ketengen, urusan kadipaten dadi kekiwo akeh perintah – perintah saking majapahit kang ora biso enggal dicukupi, nganti akhire ana curiga saking majapahit, yen raden fatah arep mbalelo, dimisuwurake yen arep brontak, mulo sang prabu ing majapahit enggal – enggal merintahake supaya raden fatah ditangkep, kolosemono kang dadi senopati nyerbu menyang demak raden husain iyo rayine dewe tungal ibu seje rama, amergo iku nuli kedadean tempur antarane prajurit majapahit lan bintoro, para sunan lan para wali pada cancut taliwondho, mbelani raden fatah, nganti panjenengane sunan ngudung lan suna kudus gugur syahid ana ing medan pertempuran,

Miturut setengahe cerita :

Naliko sakwenehing adipati – adipati kang ing batin kudu mbela pireng yen ana kedadian tempur antarane majapahit lan bintoro, deweke nuli pada mundut kesempatan arep ngrebut dewe menyang majapahit, bintoro cukup bijaksana lan waspada, bintoro kang sekawit niate namung nulak percaya ora duwe niat ngrebut majapahit bareng mireng sikape sak wenehing kadipaten – kadipaten, nuli kagungan pemanggih, ketimbang majapahit direbut dening kadipaten liyo becik direbut dewe, luwih – luwih bareng bintoro pirso yen prajurit majapahit sajake meh kabeh dikerahake menyang bintoro nganti penjagaan ing majaphit dewe pating kledang.

Mulo songko iku senajan prajurit majapahit kang ngangsrek wus keno diundurake, ananging wadyabala bintoro terus di angsrekake ngener marang majapahit, hingga panjenengane raden fatah hasil bis ngrebut majapaht sak durunge di rebut dening liyo, dene sang nata wus lolos saking kedaton ngener ngetan, sak durunge wadyabala bitoro pada tekan majapahit , pusaka – pusaka majapahit nuli di pindah menyang demak.

Yen para maos rawuh ing masjid demak, temtu bakal pirso serambi masjid kang sakane ukir – ukiran, iyo iku pendapa majapahit, kang ugo melu dipindah kolo zaman semono.

Kelawan sak rujukane para wali – wali raden fatah kapilih jumeneng sultan ana ing bintoro, mawi diembani para wali – wali, peprintahan diatur kelawan rajin lan runtut, keamanan dijaga, kemakmuran disampurnaake, pembangunan gede – gedean, masjid – masdjid di degake kelawan gotong royong sarto dipandegani dening para wali – wali lan ulama, prajurit disusun kuat, angkatan darat lan angkatan laut ora ketinggalan, barisan penerangan (mubalighin) syari’at islam lumaku kelawan tentrem ora ana alangan apa – apa.

Para ulama lan para wakiling pemerintah (umaro) pada mlaku bebarengan, kabeh tumuju marang kemaslahatan ummat lan masyarakat, mulo sedelo wae kerajaan mdemat dai kerajaan kang kajen karingan, nganti indonesiamasyhur dadi negara islam, mulo ora aneh yen ummat indonesia meh kabeh pada tetak (sunat), kasultanan demak wiwit tahun 1478 M nganti tahun 1518 M (40 tahun), anangin raden fatah menangi dadi sultan mung sedelo.

PORTUGIS NYERBU INDONESIA

Portugis tau ngalami desakan seko ummat islalm, negarane direbut dening bangsa turki ( 1453) mulo bangsa portugis bengis banget marang wong islam, sing ngrebut negarane ora ditingali saking sifat bangsa nanging ditingali saking sifat agama, mulo bangsa portugis niat arep mungsuhi marang saben – saben ummat islam, ora perduli bangsa apa wae, rehning indonesia naliko iku masyhur negara islam, dasar tanahe lohjinawi mulo portugis banjur nyerbu indonesia, kabeneran naliko iku indonesia wus mulai lemah kegowo saking timbule perpecahan, lan mangkate para wali – wali kang pada ngembani praja.

Tahun 1511 malaka kedadi yan direbut dening portugis,

ummat islam lan para pemimpin – pemimpinne pada ngungsi marang andalusi, aceh, sulawesi lan jawa,

sultan demak kuwatir :

mulo naliko tahun 1512 sultan demak ngirimake angkatan laut kang kuat banget kang dipimpin dening putrane dewe, iyo iku laksamana adipati unus, kanggo ngundurake wong portugis (peperangan hebat banget), kandeng persenjataan portugis kuat banget tur sarwo modern, mulo adipati unus enggal bali perlu nguati tanah jawa, tahun 1518 raden fatah mangkat, diganti dening adipati unus, lan sak mangkate adipati unus diganti dening pengeran trenggono.

Naliko tahun 1531 sepanyol ugo nyerbu daerah indonesia nganti biso ngrebut pulau halmahera, jajahan portugis soyo suwe soyo modot, nganti sultan muhaiyyat syah raja aceh kroso kuwatir naliko pasai direbut dening portugis, kyai faletehan (fatahillah) diserahi ngusir bangsa portugis, temenan naliko 1522 portuugis bisa diusir saking sunda kelapa (jakrta).

Kyai faletehan di angkat dadi sultan ing cirebon gegelar sunan gunung jati, wafat tahun 1570.

Pajang.

Naliko tahun 1550 sultan demak kaping telu pangeran trenggono wafat, kerajaan demak dadi rebutan nantarane jaka tingkir putra mantune pangeran trenggono lan arya jipang kapernah paman, arya jipang kalah, kerajaan kapindah menyang pajang demak puso, wiwit iku perpecahan mulai timbul, rehning jaka tingkir bisane menang jalaran jasane ngabehi lor ing pasar (sutawijaya). Dadi panjenengane di paringi ganjaran ngereh ing mataram, akhir – akhir sutawijaya mbalelo, pungkasane madek jumeneg raja ing mataram (tahun 1586 M) turun temurun nganti kanjeng sultan agung 1613 (raja mataram kaping telu).

Naliko tahun 1596 londo mulai ndarat ingt banten, tahun 1627 – 1629 M, londo ing jakarta diserang dening sultan agung, gagal, ugo sultan banten iyo melu nyerang londo, semono ugo maluku, palembang, makasar, lan liya – liyane, saking pintere londo, bangsa kita dipecah belah, akhire serangan kita tansah kandas.

Tahun 1678 kerajaan mataram dipindah ing kartasura, iki iyo tipu muslihate londo, gandeng karo anane perpecahan kang direko dening londo, daerah kerajaan nuli dibagi karo :

1. daerah surakarta dijumenengi dening susuhunan pakubuwono III,

2. daerah jogjakarta dijumenengi dening pangeran mangkubumi (pamane pakubuwono kaping III) gegelar sultan hamengkubuwono.

Tahun 1757 surakarta kaperang dadi loro :

1. kasunanan

2. mangkunegaran

Akhir – akhire jogjakarta ugo kaperang dadi loro :

1. kasultanan

2. pakualaman

tahun 1811 inggris ndarat ing tanah jawa, belanda didesak kalah, tanah jawa diserahake marang inggris,

tahun 1814 kaisar napoleon (inggris) takluk, jajahan londo kang wus tibo inggris dibalikake maneh.

PANGERAN DIPONEGORO

Tahun 1825 M pangeran diponegoro putra sultan hamengkubuwono III, berontak, kejaba prajurit – prajurite ugo dibantu dening para ulama, pertempuran hebat banget, londo rumongso kuwalahan, akhir – akhire tanggal 28 maret tahun 1830 londo ngajak dami, tapi ikunamung muslihat, sak jerone perundingan tentarane diponegoro dilucuti pangeran diponegoro ditangkap, terus diselong menyang menado nganti wafat, wiwit iku atine bangsa kita tambah mendongkol, para ulama – ulama ngungsi ana ing gunung – gunung lan ing papan – papan kang adoh saking perameyan, gethinge karo londo mungging jengkalaan, saking gethinge nganti ora pada nyekolahake putra – putrane lan ngelarang keras putra – putrane tiru – tiru gunemane tingkahe lan sandangane.

ZAMAN PERGERAKAN

Mendongkole atine bangsa indonesia soyo suwe ora soyo kurang nanging malah tambah,

Tahun 1908 tanggal 20 maret, madek kumpulan gerakan aran budi utomo, pemimpinne almarhum dr. wahidin sudiro husodho lan dr. sutomo.

Tahun 1912 sarekat islam madek, pemimpinne haji saman hudi lan haji umar sa’id cokro aminoto.

Ana ing tahun 1912 ugo muhammadiyyah madek, pemimpinne almarhum kh. achmad dahlan, jogjakarta.

Tumuli muncul partai komunis ugo madek, dipimpin dening semangun.

Tahun 1927 partai nasional ugo madek, dipimpin dening ir. Soekarno.

Tahun 1926 ora ketinggalan nahdatul ulama madek, kabeh mau ora liwat tujuane iyo supaya bisa bebas saking jajahan, nanging wae ana kang kasar ana kang alus.

ZAMAN JEPANG

Tanggal 8 desember 1941 jepang ngumumake perang marang kaum sekutu (inggris lan amerika) londo melu pihak inggris amerika.

Tanggal 8 maret 1942 hindia belanda takluk marang bala tentara jepang, ana ing zaman jepang polahe kita kadiyo gabah diinteri, bangsa kita sing mati kaluwen utowo mati sebab dadi romusa (kuli paksaan).

Tanggal 15 agustus 1945 kaisar jepang ( Tinohika) takluk marang sekutu.

Tanggal 17 agustus 1945 bangsa indonesia nyatraake merdekane, ir. Soekarno dadi persiden, Muhammad Hatta dadi wakil presiden, bangsa indonesia wus kapok, emoh dijajah maneh, jepang ing semarang ngamuk, inggris ing surabaya korda, kabeh mau di tadahi dening bangsa kita, senajan korbane iyo ora sitik, londo maune wus takluk iyo banjur melu – melu korda maneh ndompleng tentara inggris, akhire bangsa kita tempur karo londo.

JALARAN DESEKANE INGGRIS

Indonesia rundingan karo londa manggon ing linggar jati cirebon.

Tanggal 15 november 1946, surat permufakatan di tanda tangani dening ketuanenaliko iku kang dadi ketune utusan indonesia Sutan Syahrir, permufakatan linggar jati tanpa guna,

Tanggal 21 juli 1947 londo nyerang daerah republik indonesia, cirebon, pekalongan, semarang, demak direbut.

Tanggal 1 agustus 1947 gencatan senjata (leren serang menyerang) dewan keamanan membentuk komisi kang disebut KTN.

Tanggal 17 januari 1948 gencatan senjata ditanda tangani ana ing kapal renfile, sak teruse banjur dianakake rembukan ana ing kapal renfile, ketuane utusan kita mister amir syarifudin.

Tanggal 12 april 1948 dimulai rembukan maneh, manggon ana ing kaliurang jogjakarta, nerusake rembukan ana ing kapal renfile, ananging senajan mengkono londo isih terus ndodro wae olehe ngadekake negara – negara boneka, koyo tho : madura, sumatra timur lan liya – liyane maneh.

Tanggal 19 september 1948 kota madiun direbut dening golongan komunis musa, perebutan anjalar nganti tekan ,magetan, ngawi, solo, wonogiri, cepu, rembang lan liya – liyane. Akeh kyai – kyai lan pemimpin islam pada disembelehi, ananging berkah pitulunge pengeran, tentara kita kanthi bantuan rakyat pada bebarengan nadahi kordane golongan komunis musa mau, pungkasane ana ing akhir september iku ugo kerusuhan wus bisa dileremake.

Tanggal 19 desember 1948, lapangan terbang maguwo dibom, angkatan darat londo nyerbu daerah – daerah republik, tntara kita lan pemimpin- pemimpin pada nyingkir marang gunung – gunung desa –desa nindaake perang gerilya, presiden Soekarno wakil presiden Muhammad Hatta, Kyai Agus Salim lan liya – liyane para pemimpin republik ditangkap dening londo disingkirake menyang pulau bangka. Enggal – enggal pemerintah darurat didekake dening Mister Syafrudin Prawiranegara ing semarang. Senajan pemimpin – pemimpin sebagian ditangkap ananing pemerintah bisa lumaku terus, suasana genting banget, dewan keamanan (iyo iku perkumpulan bangsa – bangsa sak dunia) ndesek marang lonbdo supaya :

1. pemimpin – pemimpin republik kang diselang enggal dibalikake maring pelungguhan

2. daerah istimewa jogjakarta supaya enggal dibalikake marang pemerintah republik indonesia

3. supaya indonesia londo leren anggone bedil – bedilan

4. supaya masalah indonesia dirampingake kelawan dalan damai.

Londo nurut, tanggal 7 mei 1949 rundingan diwiwiti wakile indonesia mister rum, wakile londo dr. Van Royen, pemerintah republik indonesia iyo temenan dibalikake marang jogjakarta, tanggal 23 agustus 1949 konfrensi meja bundar diwiwiti, manggon ing negera londo, (denhag), utusan kita disesepuhi dr. Indise Muhammad Hatta, dene londo disesepuhi dening mentri van marsefin.

Tanggal 2 november 1949 bisa ketutukan anggone rundingan ana ing denhag, negara republik indonesia serikat bisa dibentuk, daerah indonesia dikuasani dening republik indonesia seraikat, liyane irian kulon, dene irian kulon miturut keputusan disranteake maneh,

Tanggal 17 desember 1949 presiden republik indonesia (jogja) diangkat dadi presiden republik indonesia serikat.

Tanggal 30 desember 1949 kabinet indonesia serikat (RIS) dibentuk.

Tanggal 28 desember 1949 pemerintah londo masrahake kedaulan marang RIS upacarane ana ing amsterdam, wiwit iki negara – negara meh sak ndonya pada ngakoni negara republik indonesia serikat.

Tanggal 28 desember 1949 Mister Asa’ad ditetepake dadi pangastho lenggahan presiden republik (jogja),

Negara republik indonesia serikat wus madeklan diakoni kedaulatane, ananging rehning kang dadi cita – citane bangsa indonesia iku negara kesatuan, negara kang tunggal dadi ora suwe kelawan sak jeronwe bangsa kita sifate negara republik indonesia seriikat enggal – enggal bisa diwalik dadi sifat tunggal, dadi negara republik indonesia.

Dumugi ing ngriki risalah alit puniko, kita pungkasi mugi – mugi risalah puniko wonten ginanipun,

Washollallohu ‘ala Sayyidina Muhammadin wa ‘ala alihi wa shohbihi wa sallim.

Walhamdulillahi Robbil ‘alamin.

Tammat

Krendetan,

07 Robi’ul Awal 1431 H

21 Februari 2010 M

disalin dari kitab tarikhul ‘aulia

karangan KH. Bisri Musthofa Rembang



1 komentar:

kami akan hapus komentar bernada spam